Rabu, 17 Juni 2026

Teks Lamaran Manten

Teks Lamaran : 
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh. 
Para sesepuh pinisepuh ingkang tuhu kinabakten. 
Bapa calon Hamengku gati, sekalian garwa miwah kluwarga. 
Sumramba sagung para rawuh kakung saha putri ingkang dahat kinormatan.

Langkung rumiyin, 
monggo Tansah kulo derek'aken wanuku puja dalasan puji syukur 
kunjuk wonten ngarsa Dalem Gusti ingkang Maha Agung. 
Ingkang sampun paring rahmat, nikmat, tuwin kekiyatan saha kawilujengan.
Satemah panjenengan lan kulo wonten ing wekdal menika tasih saged kempal manunggal nyawiji wonten ing menika papan nganti ginanjar karaharjan.

Ing salajengipun,,
keparenga kulo sumula atur wonten ngarsa panjenengan sedaya satemah gempil kamardikan panjenengan sawetawis 
ingkang nembé eca sekeca wawan sabda.
Wonten ing ngriki kulo minangka talanging atur 
saking panjenipipun Bapa Calon kadhang Besan 
ingkang supados ngaturaken menapa ingkang dados babaring setya wonten ing ari kalenggahan punika.
Déné pamaturipun ingkang sepisan,
 Bapa Calon kadhang Besan sowan sak kadhang kanthi nyuwun ridhani Gusti niat silaturahim. 

Ingkang angka kalih, Bapa Calon kadhang Besan ngaturaken salam ta'limipun.
Hatur dumateng Bapa Calon Mengku Gati sekalian miwah kluwarga. 

Déné ingkang angka tiga, wigatos ing gati pisuan kulo sak kadhang bilih panjenipun Bapa Calon kadhang Besan badhé netepi darmaning Asepuh, nedya hanggeraketaken balung abisan saking arenggang.

Bebasan ngebun-buh injang jejawah sonten. 
Sedaya kala wau ambek bilih Gusti ingkang Maha Agung paring jodoh saha wonten keparengipun saking Bapa Calon Hamengku Gati sekalian miwah wonten sarjunipun penggalih saking putra putrinipun nun inggih Rara Ayu Calon Temanten Puteri
Mekaten menggah wigatos ing gati sowan kulo. 
Ing sak lajengipun kulo namung badhé cumadong dhawuh saking panjenipun Bapa Calon Hamengku Gati. 

Ing mbok bilih wonten keparengipun paring wangsulan ingkang kumathok wanci punika.
Kulo sanget ngaturaken agunging panuwun. 
Lan mbok bilih ing samangke adicara sampun kaanggep paripurna. 
Kulo sak kadhahg badhé nyuwun pamit nyuwun tambah ing pangestu saking panjenengan sedaya.

Mugi lampah kulo saking papan menika Dumugi ing dalemipun sewang-sewang tansah ginanjar widodo wilujeng tinebihna saking bebayaning margi. 

Ing wasana mbok bilih anggen kulo sowan sak kadhang kirang trapsila subasita tindak tanduk menapa ki mawon ingkang mboten dados renaning penggalih
Kulo minangka wakil ngaturaken agunging pangapunten. 
Mekaten lan samanten ingkang saged kulo aturaken minangka talanging atur saking panjenipun Bapa Calon kadhang Besan. 

Kirang langkungipun saestu kulo tansah nyadhong lumunturing sih samudra pangapsami. 
Kulo pungkasi wabillahi taufiq wal hidayah wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar