SAWAN...... jare Simbah
Mbiyen, ning ngarepan omahe wong jowo, biasane ono gentong utowo padasan ning pojokan, kanggo wisuh nek arep mlebu ngomah soko lelungan ngendi wae, ben sawan ndalan resik lan ilang.
Mbiyen, sedurunge wong jowo ngerti bakteri lan virus, saben omah wes nglakoni, kanggo njogo keslametane wong sak omah soko sawan² ndalan kanthi wisuh ning pojokan ngarep omah. resik² awak ben sawane ilang, dipojokne ben ilang karepe dewe.
Saiki tradisi kuwi kok lagek di lakoni, sakwise lelaku iku di unekne kuwi mitos, kuwi musyrik lan kuno.
Wisuhmu ning njero jeding, kamar mandi, ateges, sawan² ndalan di gowo mlebu ngomahmu. ngrendahke lelakune wong jowo kang luhur, saiki lagek di lakoni, di uri².
Mulo to mulo, podo dinalar lan ditakoni ndisik, kenopo lakon kuwi dilakoni, takon ndisik ning wong akeh, sawan kuwi opo, trus dinalar dijupuk apike, ojo ndakwo kuwi syirik musyrik mitos kuno. Lan eling mbiyen wongtuwo gawe tolak bollo nganggo brambang, bengle, adas pulowaras, lan lombok gede di sunduk koyo sate terus dipasang silang neng nduwur lawang. dibuktekno nek brambang lan lombok iku iso nangkep virus sing digowo angin/udara.
Ojo sok salah penompo wong mbiyen kuwi wiridane lan prihatine kuat dadi gampang diparingi hidayah soko Gusti kang makaryo Jagat.
#budoyojowo adiluhung
Tidak ada komentar:
Posting Komentar