Curhatan oknum suami dr seorang guru jaman now
👇
Aku mbiyen mileh *yang* cah sing kuliah neng pendidikan kie karepku ben dadi guru...
duwe wektu akeh nggo ngurusi anak bojo...
urep ayem tentrem....
mben sore iso lungguan neng ngarep omah karo guneman glenak-glenik...
bul ora koyo sing tak karepke....
urusan mangan kadang masak... kadang mung tuku lawuh matengan... jare ra duwe wektu nggo masak...mben esuk grobyakan kesusu selak mangkat mergo wedi telat...
nek bali sore koyo wis loyo...
neng ngomah mben dino dep2ane lap top...
Jare nggawe perangkat...
nggawe soal... urusan administrasi thethek mbengek...
kadang ngabul abul kertas ra karuan... jare kon ngumpulke berkas...
bojo nyedak... anak nyedak... di sentak2... jare marai oran konsen...
(konsen kie opo to...??)
mongko nek bengi arep dijak kelonan...disemayani... nganti aku keturon dewe... jare kudu ngaploud data sek... mergo nek awan raiso... angel... leled... (mbuh sing leled apane...)
Sak iki meneh...
Jare prei arep dijak tilek wong tuwo sing adoh sangkan parane... ra prei... mben dino kudu pinjer prin...
Ooalah nasiiib... nasiiib...
nduwe bojo guru jaman now...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar